Tembang Gambuh

Bookmark and Share
Samengko ingsun tutur
Sembeh catur supaya lumuntur
Dhihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning manon



Sembah raga puniku
Pakartine wong amagang laku
Susucine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang wektu
Waktu wataking wawaton



Ing uni-uni durung
Sinarawung wulang kang sinerung
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit
Mintokken kawignyanipun
Sarengate elok-elok



Thithik kaya santri Dul
Gajeg kaya santri brai kidul
Saurute Pacitan pinggir pasisir
Ewon wong kang padha nggugu
Anggere guru nyalemong



Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yen karuh
Ngarep-arep kurub arsa den kurebi
Tan wruh kang mangkono iku
Akale kaliru enggon



Yen ta jaman rumuhun
Tata, titi tumrah-tumaruntun
Bangsa srengat tan winor lan laku batin
Dadi ora gawe bingung
Kang padha nembah Hyang Manon



Lire sarengat iku
Kena uga ingaran laku
Dhihin ajeg, kapindhone ataberi
Pakolehe putraningsun
Nyenyeger badan mrih kaot



Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Trumah ing rah mamarah antenging ati
Antenging ati nunungku
Agruwat ruweting batos



Mangkono mungguh ingsun
Ananging ta sarehne asnapun
Beda-beda panduk panduning dumadi
Sayektine nora jumbuh
Tekad kang padha linakon



Nanging ta paksa tutur
Rehning tuwa tuwase mung catur
Mbok lumuntur lantaraning reh utami
Sing sapa temen tinemu
Nugraha geming kaprabon



Samengko sembah kalbu
Yen lumintu uga dadi laku
Laku agung kang kagungan Narapati
Patitis tetesing kawruh
Meruhi marang kang momong



Sucine tanpa banyu
Mung nyunyuda mring hardaning kalbu
Pambukane: tata, titi, ngati-ati
Atetep, taleten, atul
Tuladhan marang waspaos



Mring jatining pandulu
Panduk ing ndon dadalan satuhu
Lamun lugu legutaning reh maligi
Lagehane tumalawung
Wenganing alam kinaot



Yen wis kambah kadyeku
Sarat sareh saniskareng laku
Kalakone saka eneng, ening, eling
Ilanging rasa tumlawung
Kono adile Hyang Manon



Gagare ngunggar kayun
Tan kayungyun mring ayuning kayun
Bangsa anggit yen ginigit nora dadi
Marma den awas, den emut
Mring pamuringing lelakon



Samengko kang tinutur
Sembah katri kang sayekti katur
Mring Hyang Sukma sukmanen sari-ari
Arahen dipun kacakup
Sembah ing jiwa sutenggong



Sayekti luwih parlu
Ingaran kang tumrap bangsaning batin
Kalakuan kang tumrap bangsaning batin
Sucine lan awas emut
Mring alame lama amot



Ruktine ngangkah ngukut
Ngiket ngruket triloka kakukut
Jagad agung ginulung lan jagad cilik
Den kandel kumandel, kulup
Mring kelaping alam kono



Keleme mawa limut
Kalamutan jroning alam kanyut
Sanyatane iku kanyatan kaki
Sajatine yen tan emut
Sayekti tan bisa awor



Pamete saka luyut
Sarwa sareh saliring panganyut
Lamun yitna kayitnan kang miyatani
Tarlen mung pribadinipun
Kang katon tinonton kono



Nging aywa salah surup
Kono ana sajatining urub
Yeku urub pangarep uriping budi
Sumirat-sirat narawung
Kadya kartika katonton



Yeku wenganing kalbu
Kabukane kang wengku-winengku
Wewangkone wis kawengku neng sireku
Nging sira uga kawengku
Mring kang pindha kartika byor



Samengko ingsun tutur
Santya sembah ingkang kaping catur
Sembah rasa karasa rosing dumadi
Dadine wis tanpa tuduh
Mung kalawan kasing batos



Kalamun durung lugu
Aja pisan wani ngaku-aku
Antuk siku kang mangkono iku kaki
Kena uga wenang muluk
Kalamun wus padha melok



Meloke ujar iku
Yen wus ilang sumelanging kalbu
Amung kandel-kumandel ngandel mring takdir
Iku den awas den emut
Den memet yen arsa momot



Pamoting ujar iku
Kudu santosa ing budi teguh
Sarta sabar tawakal legaweng ati
Trima lila ambek sadu
Weruh wekasing dumados



Sabaran tindak-tanduk
Timindake lan sakadaripun
Den ngaksama kasisipaning sasami
Sumimpanga ing laku dur
Ardaning budi kang ngrodon



Dadya wruh: iya dudu
Yeku minongka pandaming kalbu
Ingkang mbuka ing kijabullah agaib
Sesengkeren kang sinerung
Dumunung telenging batos



Rasaning urip iku
Krana momor pamoring sawujud
Wujudullah sumrambah ngalam sakalir
Lir manis kalawan madu
Endi arane ing kono



Endi manis ndi madu
Yen wis bisa muksmeng pasang semu
Pasamuwaning Heb Ingkang Mahasuci
Kasikep ing tyas kacakup
Kasatmata lair batos



Ing batin tan kaliru
Kedhap kilap liniling ing kalbu
Kang minongka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budi sadu
Pandak-panduking liru nggon



Nggonira mamrih tulus
Kalasitaning reh kang rinuruh
Nggayanira mrih wiwah warananing gaib
Paran ta lamung tan weruh
Sasmita jatining endhog



Putih lan kuningipun
Lamun arsa titah teka mangsul
Dene nora mantra-mantra yeng ing lahir
Bisoa aliru wujud
Kadadeyane ing kono



Istingarah tan metu
Lawan istingarah tan lumebu
Dene ing njro wekasane dadi anjawi
Rasakena kang tuwayuh
Aja konsi kabesturon



Karana yen kabanjur
Kajantaka tumekeng saumur
Tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi
Dadi wong ina tan weruh
Dheweke den anggep dhayoh.


Diambil dari Serat Wedhatama

{ 0 comments... Views All / Send Comment! }