Tembang Kinanthi

Bookmark and Share
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mugn awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryanbing dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip


Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-pandukung pambudi
Mbengkas kardaning driya
Supadya dadya utami


Pangasahe sepi samun
Away esah ing salami
Samangsa wis kawistara
Lalandhepe mingis-mingis
Pasah wukir Reksamuka
Kekes srabedaning budi


Dene awas tegesipun
Weruh waranane urip
Miwah wisesaning tunggal
Kang atunggil rina wengi
Kang mukitan ing sakarsa
Gumelar ngalam sakalir


Aywa sembrana ing kalbu
Wawasen wuwusireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sambadeng sedya
Wewesan praptaning uwis


Simakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saka sathithik
Pamothaning napsu-hawa
Linalatiha mamrih titih


Aywa mamatuh nalutuh
Tanpa tuwas tanpa kasil
Kasalibuk ing sabeda
Marma dipun ngati-ati
Urip keh rencananira
Sambekala lan kaliling


Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamung kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak-bundhas anemahi


Lumrah bae yen kadyeku
Atatamba yen wis bucik
Duwea kawruh sabodhang
Yen tan nartani ing kapti
Dadi kawruhe kinarya
Ngupaha kasil lan melik


Meloke yen arsa muluk
Muluk ujare lir wali
Wola-wali nora nyata
Anggepe pandhita luwih
Kaluwihane tan ana
Kabeh tandha-tandha sepi


Kawruhe mung ana wuwus
Wuwuse gumaib-baib
Kasliring thithik tan kena
Mancereng alise gathik
Apa pandhita antiga
Kang mangkono iku kaki


Mangka ta kang aran laku
Lakune ngelmu sejati
Tan dahwen pati openan
Tan panasten nora jail
Tan njuringi ing kaardan
Amung eneng mamrih ening


Kaunang ing budi luhur
Bangkit ajur ajer kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijining utami
Nadyang bener kawruhira
Yen ana kang nyulayani


Tur kang nyulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging laire angalah
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Aywa esak, aywa serik.


Yen ilapating wahyu
Yen yuwana ing salami
Marga wimbubing nugraha
Saking Heb Kang Mahasuci
Cinancang pucuking cipta
Nora ucul-ucul kaki


Mangkono ingkang tinamtu
Tanpa nugrahaning Widhi
Marma ta kulup den bisa
Mbusuki ujaring janma
Pakoleh lair batine
Iyeku budi premati


Pantes tinulad tinurut
Laladane mrih utami
Utama kembanging mulya
Kamulyaning jiwa dhiri
Ora kena yen ta ngeplekana
Lir leluhur nguni-uni


Ananing ta kudu-kudu
Sakadarira pribadi
Aywa tinggal tutuladhan
Lamun tan mangkono kaki
Yekti tuna ing tumitah
Poma kestokena kaki.

Diambil dari Serat Wedhatama

{ 0 comments... Views All / Send Comment! }