Sunday, July 15, 2007

Tembang Asmorodhono


Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima.

Sowanira, kang patih.
Muwah sagung narapraja.
Apa tan ana bedane.
Aturna ingkang tarwaca.
Dalem munjuk, Sri Narendra.
Narapraja sowan ngarsu.
Sembah bukti, tan lowonga.

Sang retna angandikaris
sarwi kumembeng kang waspa
biyang inya karsaninong
saupama nora prapta
sang nata sore mangkya
patren ngong pasthi cumandhuk
biyang ing jaja manira

Nalikane iseh cilik
Dinulang ing ibu rama
Digendong akewaar kewer
Yen nangis den lela lela
Mila panunuwun kula
Mugi-mugi rama ibu
Ginanjara yuswa panjang.

Wong urip mung mampir ngombe
Trumape tiang agama
Ngatahaken ibadahe
Ora suwe aning ndonya
Golek ngelmu kang sanyata
Aja nganti ageduwong
Kanggo sangu ning akherat.

Ati mantep ziarah haji
Badan sehat wonten arto
Dasar tekun ibadahe
Sopan santun mring sasomo
Uga urip kang sampurna
Cinaketan mring yang agung
Kunci swargo wus kaasta.

No comments:
Write comments