Thursday, July 17, 2003

CONTOH ATUR PANGLAMAR

Assalamualaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan lan kaharjan mugia tansah kaparingaken dumatheng kula tuwin panjenengan sedaya.
Kabagyan, kamulyan, saha kawilujengan Allah ingkang Maha Welas lan Asih mugi tansah kajiwa kasalira dening para lenggah kakung sumawana putri ingkang hanggung amastuti dhumateng pepoyaning kautaman.
Dhumateng panjenenganipun Bapak .......... sekalian saha panjenenganipun ingkang kepareng amakili, miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.
Inggih awit saking panguwaosipun Allah saha pikantuk pangestu panjenengan sami, sowan sakulawarga wonten ngarsanipun Bapak......... sekaliyan tansah winantu ing karaharjan, kalis nir sambikala.
Bapak ........... ingkang dhahat kinurmatan.

Kepareng kula cumanduk cumantaka wonten ngarsanipun panjenegnan, ngaturaken wigatosing sowan kula sakrombongan.
Ingkang angka sepisan, silaturahim dhumateng panjenengan sakulawarga. Dene ingkang angka kalih, sowan kula dipunkantheni salam taklim saking Bapak ........ mugi katur wonten ngarsanipun Bapak saha Ibu ............
Ingkang angka tiga, sowan kula kinen nebun-ebun enjang anjejawah sonten, badhe nglamar putra-putri panjenengan ingkang wuragil ingkang sesilih pun Nimas...... .
Pramila mbokbilih wonten dhanganing penggalih saha wonten keparengipun, ingkang putra badhe kasuwun, kadhaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak ......sarimbit ingkang peparab pun Bagus ........ Pangajabpipun Bapak ..... sarimbit, putra kekalih sageda dados lantaran supeketing kekadangan antawis kulawarga kekalih.
Aturipun Bapak saha Ibu ....... ingkang pungkasan, mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami.
Mekaten atur kula minangka sulih salira saking kulawarga Bapak ....... sarimbit, mbokbilih wonten galap gasuling atur kula saha patrap ingkang boten nuju prana, kepareng panjenengan paring samudra agunging pangaksami.
Matur nuwun.

Tuesday, July 15, 2003

Nyandra - Pocapan

Kebat! Sri Mahabatara Kresna kaliyan ingkang rayi Padmanegara samadia tumindak dateng pasanggrahan Randuwatangan.

Sri Maha Betara Kresna ngandika kedaling lisan sungkan pangaribawa watek wantos raja wis gelar batara.

Nyandra - Janturan

Suh rep data pitana! anenggih wau kocapa negara ing pundi ingkang kaeka adi dasa nama purwa, eka sawiji adi linuwih dasa sapuluh nama iku panjenengan purwa nami wiwitan. Sandyan katah titahing dewa kasongan ing akasa, sinangga ing pertiwi, kaideng ing samudra, tebih ing parang muka, dasar negara Dwarawati silokane jero tancebe, jembar laladane, gede obore, duwur kukuse, padang jagate, adoh kakoncarane. Sigeg ingkang murweng kawi paparab kang dadi nalendra, inggih kang ngarenggani pura, jejeneng Sri Maha Batara Kresna ya Prabu Jenggalamanik, Prabu Harimurti, Prabu Padmanaba, Prabu Basudewaputra, saweg dipunadep dening ingkang rayi Arya Setiyaki lan ingkang raka Patih Udawa. Sreg tumeluk kaya kuncim pertala mukanipun sarta kadiya tata malih krama paningalipun Padmanegara lan Udawa saking ajrih dateng pangkonan. Samya prapta ngabiyantara, jajar denira pinara

Nyariosaken wontening pasanggrahan Ran-duwatangan. Prabu Darmakusuma, Bratasena, Arjuna, Nakula lan Sadewa, teu kakantun para pahlawan, Drestajumena, Bangbang Irawan, Raden Pancawala, Raden Sumitra, teu kakantun para tamtama, bintara, parantos siap siaga ngantos dawuhan Sri Mahabatara Kresna. Satumbakna, sagadana, sapedangna, sapanahna, samapta parabot perang teu kakantun.

Blangkon

Contoh Pranatacara Paningset

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang minulya, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan, ingkang satuhu bagya mulya, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Sumangga kula tansah nderekaken memuji sukur dhumatheng Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun kepareng ngrentahaken kabagjan, kamulyan, wah maih kawilujengan saengga kula lan pan jenengan saged kempal manunggal wonten sasana sakawit kanthi boten kirang satunggaling menapa.
Para rawuh ingkang sinuba ing kawilujengan,
Panjenengan sampun lenggah sawetawis, keparenga kula minangka pranata adicara mbabar menggah gatining titi laksana. Dene runtut reroncening adicara ingkang sampun rinacik nun inggih:

Sepisan: Pambuka. Saparipurnanipun pambuka, ngancik adicara ingkang kaping kalih nun inggih atur pambagyaharja. Titilaksana ingkang kaping tiga, pasrah paningset. Salajengipun adicara ingkang nomor sekawan, inggih panampi paningset. Saha adicara pungkasan, adicara ingkang angka gangsal, panutup.
Mekaten menggah reroncening titi laksana ing wanci menika. Sumangga tumapak gatining laksana ingkang sepisan nun inggih pambuka. Minangka pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken manengku puja ndedonga mring ngarsaning Pangeran, mrih tumapaking adicara wiwit purwa, madya, wusana lumampah kanthi rancag nir wikara nir ing sambekala. Kanthi patrap ingkang sampurna ndedonga sumangga kula dherekaken. ….
Matur nuwun. Mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa angijabahi sedyanipun ingkang arsa bebesanan. Amin. Tumuli ngancik adicara ingkang kaping kalih. Sampun sawetawis panjenengan lenggah, pramila kepareng ingkang hamengku gati badhe ngaturaken pambagyaharja. Atur pambagyaharja lumantar panjenenganipun Ibu…………….. Dhumateng Ibu …………….., sumangga.
Mekaten kalawau menggah atur pambagyaharja dening Ibu ……………... Ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ibu ………………. ingkang sampun sumulih sarira Bapak-Ibu ………. Adicara ingkang angka tiga inggih pasrah paningset. Pramila dhumateng Ibu ……………… minangka tetungguling lampah kepareng jengkar saking palenggahan, tumuju papan sasana pandayawara. Sumangga.
Matur nuwun dhumateng Ibu ………….. ingkang sampun paring atur pasrah paningset. Tumuli Bapak-Ibu ………………. badhe ngaturaken tanggap wacana, tumanggaping mring pangandikanipun Ibu ……………... Dene ingkang sumulih sarira sinambeting raga inggih Ibu …………………….. Dhumateng Ibu …………………., sumangga.
Sampun paripurna anggenipun Ibu …………. ngaturaken atur panampi paningset. Adicara ingkang salajengipun nun inggih panutup. Mangga adicara menika tinutup kanthi waosan hamdallah sesarengan. … Kanthi mekaten sampun paripurna adicara menika. Kula minangka pranata adicara lamun wonten kalepatan subasita miwah kithaling basa, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb