Sunday, July 15, 2007

Tembang Dhandhanggula


Semut ireng anak-anak sapi
Kebo bongkang nyabrang kali bengawan
Keong kondhang jarak sungute
Timun wuku ron wolu
Surabaya geger kepati
Gegering wong nguyak macan
Cinandak wadahi bumbung
Alun-alun Kartasuro
Gajah meto cinancang wit sidoguri
Mati cineker pitik trondol.

Jago kluruk rame kapiyarsi
Lowo kalong luru pandelikan
Jrih kawanen ing semune
Wetan bang sulakipun
Mertadani yen wis bangun enjing
Wong pradesan wis dho obah Lanang wadon podho nyambut kardi
Hanetepi Kuwajiban

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta



Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing uni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.

Dinten jumat pekenya amanis
Indonesia ngancik kamardika
Papat limo ataune
Dene wong kang aperjuang
Hati suci sepi ing pramih
Kena kanggo patuladha
Wong kang jiwa luhur
Ora milik suwargo ndonya
Bebarengan ambrasta Jepang Walandhi
Kanggo nggayuh Kamardikan.


Wus sarujuk wargane Negari
Indonesia kita wus Mardika
Kutho Sabang Merauke
Mangetan deretanipun
Ono loro enem provisi
Wono suko agama
Islam,Kristen,Hindu
Wus kacipto mring negara
Bangsa kita wus manembah mring Yang Gusthi
Nuhoni ketuhanan.


Den kaliput mejeng Revolusi
Kang pinangka patukan Mardika
Byo pegat kaprayetnane
Propahlawan ingkang gugur
Tinampiho ngarseng yang Widhi
Nampi ngrugaha mulya
Alam ingkang agung
Labuh jiwa mring negara
Bisa pegat yogo garwa lawan negeri
Tan ngunduh who mardika.

No comments:
Write comments